Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi
  1. Para wadya bala sami nungsung pawartos dhateng senapatining perang.
  2. Raden Kumbakarna wongsal-wangsul asung pemut dhateng ingkang raka Prabu Rahwanaraja, nanging sadaya aturipun boten dipun rewes.
  3. Eman sanget, suwargi Ibu Kartini boten saged nglajengaken gegayuhanipun ingkang luhur lan mulya.


B. Tuladha :

  1. Asmane suwargi Ibu Kartini ngambar tekan manca negara.
  2. Suwargi Ibu Kartini lelabuhane kondhang nganti tekan manca negara.


Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Ing palayatan udan tangis, prasasat kabeh para palayat padha ngruntuhake eluh.
  2. Sing padha rondha padha genti-genten main catur, kanggo cagak lek.
  3. Rembuge Sarengat kuwi aja kojagakake netese, amarga dheweke wis kawentar lunyu ilate.
  4. Rohlan kuwi bocah gedhe endhase, mula kanca-kancane pilaur padha ngedoh aluwung ora tepung.
  5. Ngati-ati lho tetanggan karo si Darus, dheweke kuwi dawa tangane.
  6. Darmi kuwi senengane metani lupute wong liya, ora sumurup marang lupute dhewe.
  7. Sasabar-sabare uwong yen krungu omonganmu kuwi mesthi nesu, amarga omonganmu kuwi yen dirasak-rasakake pancen ngabangake kuping.
  8. Wa Drana kuwi lobok atine, babar pisan ora tau nesu.
  9. Yen omongan becik padha diarah aja nganti gawe pinggeting ati.
  10. Sing ngati-ati lho, penggedhemu kae landhep pene.

Mbs-1- 39