Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi


Guru : “Lha iya. Ya kanggo kesed kuwi. Apa ana kesed liyane sepet ?”
Mardi : “Wonten, Pak, model sapunika, ingkang dipun damel karet, kawat utawi tosan.”
Guru : “Apa bocah-bocah kepengin ajar gawe kesed ?”
Murid-murid : “Inggih, Pak, kepengin sanget.”
Guru : “Yen ngono sesuk, apa suk kapan dakwuruki.”
Murni : “Kadospundi, Pak, sepet kados ngaten saged dados kesed nam-naman sae punika ?”
Guru : “Kabeh mau, yen durung bisa pancen angel. Nanging, yen wis ngerti carane, ora ana barang angel. Jenenge ngelmu angel yen durung ketemu.”
Murid-murid : “Saestu nyuwun wuruk, Pak, benjing sanes dinten.”
Guru : “Ya, iya, suk bebarengan padha digarap.”


B. Ukara-ukara iki wacanen, lagune sing trep karo surasane ukara !

  1. Darman lunga.      ( andharan lugu ).
  2. Darman lunga ?     ( pitakon ).
  3. Darman, lunga !     ( pakon sereng ).
  4. Adhuh, Darman lunga.   ( ngemu rasa cuwa).
  5. Sokur Darman lunga.    ( ngemu rasa seneng ).
  6. Lha rak tenan kandhaku,  ( rasa bombong jalaran
    Darman lunga ta.     cocog panggrayange ).
  7. He, Darman lunga ?    ( gumun, ora ngira ).
  8. Darman, lunga ora ?   ( nari ).

46