Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/49

Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi


A. Wacanen batin !


Kesed


Kesed punika ketingalipun barang sepele, nanging menawi dipun manah ingkang saestu sanes barang baen-baen.Kesed punika saestu ageng pigunanipun. Inggih punika kangge njagi resiking papan, ingkang tundonipun ugi migunani sanget tumrap pamardining kasarasan. Liripun, suku ingkang reged utawi sepatu ingkang mentas kangge kesah-kesahan temtu nyangking rereged utawi baksil warni-warni. Makaten ugi sandhal ingkang mentas dipun angge dhateng pakiwan, temtu katutan rereged warni-warni. Sedaya wau saged dipun resiki sarana kesed amrih sedaya rereged lan baksil wau boten lajeng katut kabekta lumebet ing griya.

Kesed punika pandamelipun boten angel. Punapa malih manawi bahanipun trimah sepet, prasasat boten ngedalaken wragat. Bakenipun namung kedah tlatos lan taberi nglempakaken baka sekedhik. Pandamelipun saged dipun sambi ing kalaning nganggur, tinimbang tilem sonten. Lare-lare sekolah ugi saged dipun ajari damel kesed sepet punika. Inggih punika, ing salebetipun wulangan ketrampilan. Dene manawi badhe damel kesed kasade, inggih punika minangka pangupa jiwa, temtunipun mbetahaken pirantos ingkang langkung sampurna.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis !

  1. Apa gunane kesed ?
  2. Aranana bahan kesed kang adhakan !
  3. Apa ana bahan kesed saliyane sepet ?


Mbs-1- 47