Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi
  1. Dadi mata-mata mlebu metu laladaning mungsuh iku gedhe banget bebayane, paribasane ameng-ameng nyawa.
  2. Wong kuwi aja padha seneng kanggonan watak adigang adigung adiguna, yakuwi ngendel-enedelake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane.
  3. Jupri kuwi watake dahwen ati open, seneng nenacad jalaran duwe melik marang barang-barang sing dicacati kuwi.
  4. Aku mono manut penggedheku, yen penggedheku tumindak aku mung kari melu bae, dadi ora ninggal unine bebasan obah ngarep kobet buri.
  5. Ayo, Thole, gliyak-gliyak tumindak, sanajan alon nanging tumindak terus aja nganggo mondhag-mandheg.
  6. Bapak Bupati tindak njajah desa milang kori, niti priksa wewengkone kabeh nganti tekan ing plosok-plosok lan ing gunung-gunung.


E. Tuladha :

  a. Bocah-bocah nglumpukake sepet.

  b. Sepet diklumpukake bocah-bocah.


Gawenan kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Pak bayan nimbali mas Abas.
  2. Pak guru mriksani gambarku.
  3. Ibu nglimpekake adik.
  4. Srini ngilangake buku gambarku.
  5. Adhik nglimpiti agamane bapak.
  6. Simbah ngelus-elus sirahku.
  7. Pakdhe ngepuk-ngepuk pundhake mas Duryat.
  8. Wong kuwi nyunggekake gawanku.
  9. Bariyun ndhelikake potelotku.
  10. Bocah sakelas padha nekseni janjine si Diran.


Mbs-1- 51