Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi

gancaning cariyos, kenginga kangge icip-icip tumrap ingkang boten komanan maos aslinipun.

  Bakening cariyos, lampahan Bratayuda punika anggelar wontenipun perang ageng ambengkas angkara murka. Inggih punika, campuh yudanipun Pandhawa lan Kurawa wonten ing Tegal Kuru.

Wondene ingkang dados pradondi inggih punika sepalihing nagari Astina ingkang dipun kekahi dening para Kurawa. Kamangka, saleresipun negarai punika hakipun kadang Pandhawa.

Rehning dipun rembag kanthi sae boten wonten wohipun, pepuntoning manah Kurawa ginebag ing ajurit.

B. Pitakon-pitakon iki wangsulna kang luwes lan patitis abasa krama !

  1. Bratayuda iku nyritakake perange sapa ?
  2. Ana ngendi kelakoni perang ?
  3. Apa kang dadi dhadhakaning perang ?
  4. Apa wis dirembug kanthi becik ?
  5. Pungkasaning perang sapa sing menang ?
  6. Crita wayang iku kelakon tenan apa mung dedengenan ?

III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  a. Cariyos Bratayuda punika ing kalangan Jawi sampun misuwur sanget.

  b. Cariyos Bratayuda punika ing kalangan Jawi sampun kasumerepan ing akathah.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Kados boten wonten awonipun ngaturaken gancanging cariyos.

Mbs-1- 55