Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/63

Kaca iki wis divalidasi
W U L A N G A N VII

A. Pacelathon

Tindakna!

Cangkriman

Edhi : "Gus, kowe rak libur ta ?"

Agus : "Iya, wong sesuk dina Minggu ngono kok."

Edhi : "Apa acaramu bengi iki ?"

Agus : "Durung duwe acara. Sirku arep dolan-dolan nanging thongpes."

Edhi : "Aku ya lagi ditinggal fulus, ki !"

Agus : "Yen ngono padha bae. Wis dolan kene we, ngrewangi aku tunggu omah, wong sedhela engkas bapak ibu tindak njagong."

Edhi : "Ya ta, disambi cangkriman pa piye, ben betah melek."

Agus : "Ya, manthuk. Ning, aja angel-angel lho. Aku dhisik ya sing nyangkrimi."

Edhi : "Iya, dhisila !

Agus : "Yen lali katut, yen kelingan malah keri, kuwi apa ?"

Edhi : "Iyah, kowe ki. Jare ngajak gampang-gampangan thik malah ndhisiki angel. Tur mokal kuwi, lali katut kelingan keri."

Agus : "E, wong jeneng cangkriman, mesthi ya ana. Wis kopikir tenan pa piye ?"

Edhi : "Aku judheg kuwi, ora nyandhak. Gelis omongna, apa candhakane."

Agus : "Kae lho suket dom utawa suket usup-usup. Yen kowe liwat kono lali ora cincing clana, sukete

Mbs-1- 61