Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/65

Kaca iki wis divalidasi
  1. Yen gelem nggodhoge dhewe.
  2. Enya, iki godhogen !
  3. Endi dakghodoge.

II. Maca Titi

A. Wacanen batin banjur tembangna !

Cangkriman
( Pocung )

  1. Bapak Pocung duwe tangan duwe gulu,
    uga duwe awak,
    ora duwe sirah sikil,
    saben dina Si Pocung anguntal jalma.

  2. Bapak Pocung sasedulur ana pitu,
    tan ana kang padha,
    mati enem urip siji,
    dulur pitu tan nate urip barengan.

  3. Bapak Pocung yen disawang adi luhung,
    yen saka kadohan,
    nanging lamun den cendhaki,
    Legok geneng watu alas dadi juga.

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis !

  1. Terangna dede wangsulane cangkriman-cangkriman nomer 1, 2 lan 3 iku klambi, dina lan gunung.
  2. Kepriye guru wilangan lan dhongdhinge tembang Pocung ?
  3. Gawea tembang Pocung sapada bae kang isi cangkriman !

Mbs-1- 63