Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi
W U L A N G A N VII

I. A. Pacelathon

  Tindakna !

Bocah Lola


Setyadi : "Sih, adhikmu ana ngendi ?"
Sihati : "Dhik Ris ta ?"
Setyadi : "Iya, iya."
Sihati : "Lho, aku ora ngerti ki, Mas."
Setyadi : "Apa ora pamit kowe ?"
Sihati : "Ora, dakarani matur penjenengan"
Setyadi : "Mesthine ora wani pamit aku, wong aku mau rada sareng."
Sihati : "Mas ki ndadak duka barang, adate rak ora tau ta."
Setyadi : "Apa aku nesu, mung pidhato we diarani nesu."
Sihati : "Nek pidhato thik keras temen, nganti sing krungu ngewel wedi. Kuwi pidhato gaya baru ta, Mas ?"
Setyadi : "Hara ta ya, rak nyemoni. Sing marakke kowe seneng gojeg, tur nganggo oyak-oyakan barang. Lha, nabrak cet, wutah. Sapa sing ora muring !"
Sihati : "Iya ya Mas, jan-jane aku sing luput. Lha piye, Mas, dhik Ris iki mengko. Piye nek nggeblas ora mulih ?"
Setyadi : "Wis ta mengko gampang dakgolekane. kowe gek adusa kana aja bingung."
Sihati : "Tenan lho, Mas, penjenengan goleki lho. Aku mesakke dhik Ris. Awake dhewe ki rak wis lola ta, Mas."


Mbs-1-

69