Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
Setyadi : "Wis ta aja susah, kabeh dakpikire. Kowe sing sabar bae, lan ngewang-ewangana nenuwun marang Allah.”
Sihati : “Iya, Mas.”

B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung sing tulisane dhoyong kedalna sing trep !

  1. a. Matine merga kena aradan.
    b. Jam sanga esuk wong-wong kang padha amek iwak kuwi wis padha munggah menyang dharatan.
  2. a. Wong kok ajegan njagakake wong liya.
    b. Enya, iki cepakan tukon buku simpenen dhewe !
  3. a. Iki garapan saka sekolahan.
    b. Apa sababe dheweke kok sayah.
  4. a. Adhine dipapag kana ta, Le !
    b. Tamune papakna sing becik !


II. Maca titi

A. Wacanen sing titi !


Bocah Lola

Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika lare ingkang sampun lola. Piyambakipun dipun tilar tiyang sepuhipun kekalih kala taksih alit. Sejatosipun sedherekipun boten namung tiga. Rumiyin sedaya gangsal. Ingkang pambajeng gugur ndhepani nusa, mbelani bangsa lan negari. Tumut ngrebat negari saking cengkeremaning penjajah. Punika dados pemareming tiyang sepuh. Senajan getun nanging enggal saged dipun pupus, awit genah sampun arum namanipun. Balik ingkang satunggal tilar donya jalaran kenging aradan. Wonten Landi ngamuk, mbedhili tiyang ingkang kemliwer, kala jaman perang gerilya punika. Lare-


70