Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/73

Kaca iki wis divalidasi

nipun wangsul saking sekolah kenging lesaning mimis boten kejarag. Mengsah anggenipun mbedhili ngawag kemawon. Lare tiga lajeng gesang piyambak. Setyadi kedadak dados bapak, ugi dados ibunipun lare kalih, adhi-adhinipun. Setyadi mbudidaya ngawontenaken sedaya kabetahaning kulawarga. Caranipun warni-warni. Sadaya wau pancen sampun dipun dhadhagi pun Setyadi. Tujunipun adhi-adhinipun kok sae-sae. Mbangun miturut lan boten nate ngresula. Lan, boten kepenginan kados umumipun lare. Dhateng pedamelan ngertos, malah kepara sregep.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes nganggo basa krama !

  1. Pira tunggale Setyadi ?
  2. Saiki kari pira ?
  3. Sing mbarep dadi apa ?
  4. Sing sijine ajale marga apa ?
  5. Sawise dadi bocah lola lan ditinggal sedulure loro kuwi Setyadi rumangsa kejibah apa ?
  6. Apa kang njalari enthenge pikire Setyadi ingatase dheweke kudu nyangga butuhe kulawarga ?


III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  1. Sanajan getun nanging enggal saged dipun pupus.
    dipun pupus = manahipun dipun selehaken.
  2. Tun, golekna pupus mlandhing arep dakenggo mopok tatune adhimu.
    pupus mlandhing = ron ingkang taksih enem ing pucuk.


Mbs-1- 71