Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi

Terangna kaya tuladha ing dhuwur !

    1. Wis surup kok pitike isih ana sing durung ngandhang, apa dimangsa luwak maneh.
    2. Yen mangsa kopi ing Lampung prasasat udan dhuwit.
    1. Tatune dipopok pupus mlandhing.
    2. Yen gawe popok miliha mori sing alus lan empuk.
    1. Njupuka sulak, Rit, kanggo nyulaki meja tulise ibu!
    2. Pelem kemampo kuwi kulite ijo sulak kuning.
    1. Sawo mentah kok dipangan, apa ora sepet.
    2. Goleka sepet sing akeh mengko padha digawe keset.
    1. Kamar ngarep disingget nganggo rana, separo kanggo kamar tamu sing separo kanggo kamar dhahar.
    2. Adhimu tinggalen kene, sesuk dakterne rana.
    1. Pabrik waos ingkang ageng piyambak sa Indonesia punika pabrik waos ing Cilegon.
    2. Ingkang gereng-gereng punika bapak saweg gerah waos.
    1. Gunung kuwi yen disawang saka kadohan katon asri, nanging yen dicedhaki wujude mung watu, padhas lan alas.
    2. Ayo, cah, anggone reresik tumuli padha diayati, delengen kae tembok lan pyane kebak sawang.
    1. Wadhuking manungsa lan kewan asikil papat iku peranganing weteng minangka papan pangejuring pangan.
    2. Wadhuk Jatiluhur ing tanah Jawa Kulon iku wadhuk "serbaguna".

B. Tuladha:

  1. Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika sedherek tunggil kringkel.
  2. Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika sedherek tunggil bapa biyung.

72