Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/87

Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN X


I. A. Pacelathon

Tindakna !

Dinten Pahlawan
Widayat : "Bapak, kula nyuwun priksa punapa kepareng ?"
Bapak : "Apa ta, Dayat, kok sajak wigati, kadingaren temen."
Widayat : "Inggih, Pak, punika punapa babagan dinten pahlawan."
Bapak : "Iya kene mumpung Bapak longgar. Sing ora ngerti apane ?"
Widayat : "Werni-werni, Pak. Cobi nyuwun priksa rumiyin bab tembung pahlawan, punika werdinipun kados pundi ?"
Bapak : "We lha kepeksa njupuk kamus iki, amarga iku dudu basa Jawa asli."
Widayat : "Basa punapa, Pak, sekawit ?"
Bapak : "Yen ora kliru iku basa Sanskrit uga diarani basa Sanskerta. Coba golekana dhewe dhisik, enya kamuse."
Widayat : "Cobi-cobi inggih, Pak, dangu inggih kajengipun waton kepanggih."
Bapak : "Lha iya, dadi bocah kudu tlaten lan taberi."
Widayat : "Wah, boten wonten punika, Pak. Punapa sanes tembung lingga inggih ?"
Bapak : "E e e e, wis tita ta kowe. Pancen angel tur kuwi dudu tembung lingga, wis dirimbag."
Widayat : "Mangga, Pak, tibakipun boten baen-baen."

Mbs-1-85