Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi
Bapak : "Kene kene dak terangake. Pahlawan saka tembung Sanskerta phala karo wan."
Widayat : "Kula wau inggih badhe matur mekaten, Pak, nanging kesupen."
Bapak : "Iya ta ya, wong kari melu payu we, ndadak matur kesupen barang. Wong lali ki rak maune wis tau ngerti."
Widayat : "Kesinggihan, Pak. Tiyang namung katimbang boten matur. Lajeng, phala punika kados pundi Pak, werdinipun ?"
Bapak : "Phala tegese woh. Yen basa Indonesiane buah utawa jasa. Yen tambahan wan rak wis ngerti ta, yaiku kang kadunungan sipat linuwih, becik, utama, akeh, lan liya-liyane."
Widayat : "O, dados pahlawan punika tiyang ingkang sampun kathah lelabetanipun. Punapa ngaten, Pak ?"
Bapak : "Lha iya, gene pinter."

B. Wacanen lan ucapna kang trep manut rasane!

    1. Apa kowe kepengin klambi anyar, Rit? (pitakon)
    2. Apa kang digayuh wis kelakon kabeh. (andharan)
    1. Sapa sing diadili dhek wingi kae ? (pitakon)
    2. Sapa nerak angger-angger bakal nampa pidana. (andharan)
    1. Pira butuhe dhuwit ? (pitakon)
    2. Pira butuhe dhuwit diparingi. (andharan)
    1. Sepira gedhene Andi saiki ? (pitakon)
    2. Sepira gedhene atine ora bisa digambarake. (andharan)
    1. Genea adhimu nangis? (pitakon)
    2. Genea saiki ngrampek-ngrampek, andekna maune kok anggep temen. (andharan)
    1. Kepriye carane nggarap PR iki ? (pitakon)
    2. Kepriye rekadayane, aku ora ngerti. (andharan)

86