Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/89

Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen kang titi !

Dinten Pahlawan

Bangsa Indonesia asring sanget mengeti dinten ageng. Kadosta dinten Kartini, Pendidikan Nasional, Proklamasi Kamardikan lan sanes-sanesipun.

Makaten ugi dinten ageng dinten Pahlawan. Dinten Pahlawan punika dhawah ing tanggal 10 Nopember. Dinten Pahlawan perlu sanget dipun pengeti ing sadhengah bangsa Indonesia minangka pangemut-emut lan kangge mahargya lelabetanipun para kusumaning bangsa ingkang sampun ngrumiyini marak ing Pangayunaning Pangeran minangka tebusaning kamardikan.

Kala taun 1945, wulanipun Nopember, para nem-neman ing Surabaya kathah ingkang gugur ndhepani tanah wutah rah. Amargi kala semanten wonten pasulayan rembag lan pemanggih, daredah antawisipun bangsa kita ingkang mentas kemawon ngumandhangaken proklamasi kamardikan kaliyan Inggris lan Walandi ingkang kepengin wangsul njajah negari lan bangsa Indonesia. Bangsa Indonesia boten lila sumerep krenahipun bangsa sanes punika.

Para mudha makantar-kantar semangatipun, cancut taliwanda boten wigih-wigih mbelani nusa lan bangsa, ngantos dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira.

Engga sapriki aruming namanipun, dipun pengeti saben tanggal 10 Nopember,winisudha dados kusumaning bangsa ugi kawastanan pahlawan ing bangsa.

Mbs-1- 87