Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis abasa krama!

  1. Tanggal pira pengetan dina Pahlawan kuwi ?
  2. Anane pengetan iku marga prastawa ing ngendi ?
  3. Ukara endi kang nuduhake gedhening lelabuhane para mudha duk samana ?
  4. Nganti taun iki dina Pahlawan iku wis dipengeti ping pira ?
  5. Sajroning padha mengeti dina Pahlawan apa sing wigati ?
  6. Yen kowe ngeningake cipta mengeti dina Pahlawan, ing batin kowe muni kepriye ?

III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

Dinten Pahlawan perlu sanget dipun pengeti ing sadhengah bangsa Indonesia.
sadhengah = sinten kemawon boten pilih tiyang

Terangna kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Pengetan dinten Pahlawan punika minangka pangemut-emut lan kangge mahargya lelabetanipun para Pahlawan.
  2. Kala semanten wonten daredah antawisipun bangsa Indonesia kaliyan bangsa Inggris lan Walandi.
  3. Bangsa Indonesia mentas kemawon ngumandhangaken proklamasi kamardikanipun.
  4. Bangsa Indonesia boten lila sumerep krenahipun bangsa manca wau.
  5. Para mudha boten wigih-wigih mbelani nusa lan bangsanipun.
  6. Anggenipun mbelani nusa lan bangsanipun dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira.
  7. Engga sapriki namaning para mudha wau tetep arum,

88