Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 1.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi
    winisudha dados kusumaning bangsa.
  1. Tembung pahlawan punika werdinipun tiyang ing- kang sampun kathah lelabetanipun.
  2. Eeee, wis tita ta, kowe ?
  3. Wong kari melu payu we kok ndadak matur kesupen barang.

B. Engga sapriki para mudha wau arum namanipun winisudha dados kusumaning bangsa.

"arum namanipun" iku tembung entar, tegese : namanipun tansah dipun mulyakaken awit ageng lelabetanipun.

Ing ngisor iki unen-unen, jenenge sanepa. Mara tegesana !

  1. Gandanipun arum jamban.
  2. Kawruhipun jero tapak meri.
  3. Cayanipun abang dluwang.
  4. Rembagipun peret beton.
  5. Sambutanipun arang wulu kucing.
  6. Polahipun anteng kitiran.
  7. Badanipun kuru semangka.
  8. Polatanipun bening leri.
  9. Raosipun legi bratawali.
  10. Tatunipun arang kranjang.

C. Tuladha :

  1. Bangsa Indonesia boten lila. . . . .krenahipun bangsa sanes wau.
  2. Bapak Lurah . . . . . srah-srahan warisan tilaranipun swargi Embah.
    nekseni — sumerep — ngenangi

Mbs-1- 89