Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/47

Kaca iki wis dikorèksi

jeting manah anggenipun badhe masrahaken jiwa raganipun dhateng Sang Prabu minangka dhaharipun.

9. Sang Apatih boten nayogyani, awit boten ndungkap dhateng pikajengipun Ajisaka, bilih punika namung satunggaling gelar anggenipun badhe suka pitulungan dhateng . . . . . . .ing Medhangkamolan.

B. Tuladha:

a. Wania pisan, durung mesthi yen wong tuwane tega.

b. Sanajan wani pisan, durung mesthi yen wong tuwamu tega.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

1. Selaka lairmu, batinmu mesthi ngakoni.
2. Sinaua yen kosambi geguyon ora-orane klebu.
3. Saguha yen janggelan ora bisa dijagakake.
4. Alaa yen pancen sanak aja pisan-pisan kotambuhi.
5. Trimaa wong tuwane, negara ora nrimakake, dadi prekarane mesthi diterusake.
6. Koentenana nganti cengklungen ora-orane dheweke teka.
7. Korewangana pati geni yen kowe ora gelem sinau, ora-orane kowe lulus.
8. Dirabuka yen ora diwatun, ora-orane metune pari mundhak akeh.
9. Dituturana nganti kesel sing nuturi, ora-orane dheweke nggugu.
10. Kotutup-tutupana, wadimu wis ana ing tanganku.

C. Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kangcumawis ing sisih tengen 1. Ngajengaken liburan lare-lare sami..dhateng Diyeng. a. ambedarma

Mbs-2- 45