Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/63

Kaca iki wis divalidasi

B. Tuladha :
 Tiyang sadhusun sami gugur gunung ngleresaken tanggul ingkang bobol.
Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana nganggo tembung utawa unen-unen kang cumawis ing
  sisih tengen !

  1. Gambar punika.....saking katebihan sae, sareng dipun celaki jebul awon.
  2. Brayat kula saweg .....................mentas kemawon kesripahan lajeng kepandungan.
  3. ..... menawi pancen tinakdir dados jodhonipun temtu kepanggih.
  4. Punika namanipun....inggih punika njangka prakawis nglengkara, temtu kemawon tangeh kecepengipun, cepak lepatipun
  5. Menawi pinuju....sampun pisan-pisan keladuk seneng, awit beja cilaka punika tansah gilir gumanti dados sandhanganipun sadhengah tiyang.
  6. Pambalelanipun Ki Ageng Mangir dhateng Mataram punika boten pisan-pisan .......
  7. Sesupe kula punika awangun......mripatipun ingkang tengah kaapit ing inten ingkang sami agengipun.
  8. Bathukipun adhi kula awangun .........................................

  1. dieletana
    segara gu
    nung sap
    pitu
  2. sri gunung
  3. kejugrugan
    gunung
  4. ngontrak
    ake gu
    nung
  5. ketepang
    ngrangsang
    gunung
  6. kerubuhan
    gunung
    menyan
  7. bathuk
    gunungan
  8. gunung
    sapikul
  9. gugur
    gunung

C. Tuladha :

 Ngajengaken tanggal 17 Agustus tiyang-tiyang sami ada - ada ngawontenaken kerja bakti.

Mbs-2- 61