Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

Pratelan-pratelan iki rampungna !

  1. Sekar Megatruh ing nginggil punika wonten tigang ....
  2. Saben satunggal pada wonten gangsal .................
  3. Gatra kapisan wonten kalih welas ....................
  4. Guru wilanganipun sekar Megatruh punika : .......................................................
  5. Guru lagu utawi dhong-dhingipun sekar Magatruh punika .......................................................
  6. Sekar ing nginggil punika pethikan saking serat ............ anggitanipun .......................................................

Katrangan :

  1. Layang Jaka Lodhang iku layang Jangka, yaiku layang kang isi weca kaanan kang bakal kelakon.
    Sing medharake weca ing layang Jaka Lodhang - Ranggawarsitan iku Jaka Lodhang, paraga arupa kethek kang bisa atata jalma.
    Dene weca iku diwedharake marang "Mbok Perawan" (jenenge Ken Limaran), sisihane si Jaka Lodhang kuwi.
    Isining weca Besuk ing jaman madya akir, taune : wiku sapta ngesthi ratu, bakal ana kaelokan. Yaiku : Kersaning Pangeran bakal paring kanugrahan. Wujude : nadyan wong kang lagi ngantuk pisan bakal padha nemu kethuk, kang pating plenuk sadalan-dalan. Dene wong-wong mau padha bungah atine, awit kethuk mau isi sesotya, kencana pating glebyar.
  2. "Wiku sapta ngesthi ratu" iku ukara sengkalan, uga diarani ukara candra sengkala. Yaiku, ukara pengetaning taun. Lire, tembung-tembung ing ukara sengkalan iku padha nyulihi angkaning taun. Manut etungan candrasangkala, tembung wiku = 7, sapta = 7, ngesthi = 8 lan ratu = 1. Dadine angka taun diwaca urut saka buri, yakuwi taun 1877 (taun Jawa). Yen dicundhukake karo taun Masehi dadi taun 1945 (1877 +68). Apa kang kelakon dhek taun 1945 ?

Mbs-2- 79