Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi
  1. Tobat-tobat, wangkale ta bocah iki !
  2. Tobat-tobat, pitakonmu thik njlimet temen !
  3. Tobat-tobat, pemaibe bocah kae !


II. Maca Titi

A. Wacanen batin banjur tembangna !


Gambuh

  1. Rinipta sekar Gambuh
    kang ginubah P empat mrih wanuh
    yen wis wanuh den esthi ing sanubari
    nulya mrasuk mbalung sungsum
    Pancasila pindha amor.

  2. Nunggal sajiwa gilut
    Renggang gula lir kumepyur pulut
    Ekaprastya Pancakarsa wusnya dadi
    pandom panuntun kang baku
    mrih Pancasila linakon

  3. Murni nora den awur
    wusanane ora sasar susur
    mahanani lekas bener pener becik
    miwah memayu rahayu
    nyenyadong sihing Hyang Manon.

  4. Kalamun uwus kambuh
    pra manungsa satuhu wus jumbuh
    cipta rasa karsa pan karya nyawiji
    P empat ambalung sungsum
    mrasuk kasariro ing wong

  5. Den amalken satuhu
    adil makmur tumurun wus tamtu
    nugrahane Gusti Kang Murbeng Dumadi
    pinaringken mring sawegung
    karta raharja kelakon.

Mbs-3- 11