Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes, abasa krama !

  1. Sing digubah dadi tembang Gambuh kuwi bab apa ?
  2. Genea didadekake tembang Gambuh ?
  3. Apa maknane P4 iku ?
  4. Yen wis padha nindakake P4 apa wohe ?
  5. P4 uga duwe jeneng liya. Coba aranana !

II. Kawruh Basa
A. Tuladha:
 a. krowok ....
 b. krowok untune.
Gawenen kaya tuladha !

  1. miris..........
  2. nrocos...........
  3. mumet...........
  4. ngethok..........
  5. pegel..........

  1. mules...........
  2. jimpe..........
  3. serak..........
  4. ampeg..........
  5. gumrebeg..........

B. Tuladha:
 a. Pancasila iku jiwane bangsa Indonesia tulen. dudu tiron jiwane wong sabrang.
 b. wong sabrang = Wong ngamanca, baheka sanes.
Tembung sing cap-capane dhoyong lerangna tegese kaya tuladha!

  1. Sanajan ana ing tanah sabrang bisa urip mulya, aku milih urip ana ing negaraku dhewe.
  2. Akeh wong sabrang kang padha kepranan marang endahing alam Indonesia.
  3. Yen durung mari, coba tambanana godhong sabrang.
  4. Sarehne kretege rusak, aku kepeksa nyabrang.
  5. Yen arep nyabrang, ngentenana yen dalane wis sela.
  6. Jaman perang biyen, wong-wong sing padha kurang jejeg imane akeh kang padha nyabrang.
  7. Mangkata dhisik, aku entenana ing sabrangan kana !
  8. Juru tambang sing nyabrangake sumlengeren_nyawang endahe Rara Mendut Jan Pranacitra.

12