Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi

C. Tuladha:

a. Mbah, menawi dereng........kula badhe nyuwun priksa.
b. Mbah, menawi dereng arip kula badhe nyuwun priksa.

Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung kang cumawis ing ngisor gawenen kaya tuladha !

  1. Yen wis.............., mapana................kana!
  2. Jare durung ngantuk, genea kok pijer.......klokap-klakep.
  3. ............gregah banjur nyandhak sapu, nyaponi latare.
  4. Turune kewengen, mula tangine ........................
  5. Mau bengi aku ...................,nunggang macan.
  6. Kae, adhimu ........,gugahen banjur takonana ngimpi apa.
  7. Saradane yen turu mesthi ...........................
  8. Angger kakehan ngombe kopi, mesthi banjur,................ora bisa turu-turu.

a. nglindur
b. ngorok
c. kancilen

d. ngantuk
e. angop
f. turu

g. ngimpi
h. kerinan
i. tangi

D. Tuladha:

a. Menawi Simbah dereng arip, kula badhe nyuwun priksa.
b. Manawa Simbah durung arip, aku arep nyuwun priksa.

Dadekna ngoko alus kaya tuladha !

  1. Menawi Simbah sela, kula badhe matur.
  2. Menawi longgar, mangke sonten Bapak kula suwun rawuh.
  3. Menawi boten wonten alangan, mangke dalu kula perlokaken sowan.
  4. Menawi sepen ing tangadur, panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh wonten ing pondhok kula.
  5. Menawi kepareng, kula badhe ndherek Bulik dhateng Bandung.
  6. Menawi sampun rampung, temtu enggal kula aturaken wangsul.
  7. Menawi Kangmas boten kersa, kula ugi boten badhe meksa.
  8. Menawi sampun dhangan, kula aturi langkung ngatos-atos.
  9. Menawi kepareng gangsal yuta, badhe kula suwun piyambak.

Mbs-3- 13