Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi
  1. Menawi badhe dipun agem Pakdhe piyambak, kirang sekedhik kula caosaken.


E. Wiwit kina-makina Pancasila sampun dados jiwanipun bangsa Indonesia.
Wiwit kina-makina kuwi katrangan wektu.

Aranana katrangan wektune ukara-ukara ing ngisor iki !

  1. Sasi ngarep Mas Mingan arep duwe gawe.
  2. Bapak wis tindak Surabaya minggu kepungkur.
  3. Olehe padha jagongan nganti ngebyar.
  4. Wiwit dhek semana kae aku durung tampa kabar
  5. Sewengi mbethethet aku ora bisa turu.

Ukara-ukara ing ngisor iki golekana katrangan panggonane !

  1. Kana mau ana wong mbarang sulapan.
  2. Pite disendhekake ana ing ngiringan omah.
  3. Simbah mondhok ana ing Rumah Sakit Puri Nirmala.
  4. Weruh kancane teka, Murti methukake ana ing latar.
  5. Bocah-bocah lagi padha dolanan ana ing buri omah.


IV. Kasusastran

A. Purwakanthi.

”Yen wis wanuh den esthi ing sanubari
Tembung esthi lan sanubari iku ngemu purwakanthi. Yaiku purwakanthi swara i

Coba goleka tuladha sawetara purwakanthi kang tinemu ing:

  1. bebasan, paribasan utawa saloka
  2. lelagon dolanan
  3. tembang macapat.


B. Baliswara

Dhapukaning tembung ing iketaning ukara "Adil makmur tumurun wus tamtu" kuwi diarani baliswara. Yaiku, iketan walikan kanggo ngoyak dhong-dhinging tembang.


14