Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 2

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Sesorah
Sasangka : "Kula nuwun, Pak !"
Pak Sis : "Lho, kok kowe, Lik! Kene, kene ! Gilo, Bu, cah Sala rene!"
Bu Sis : "Sapa ta, Pak ?"
Sasangka : "Kula, Bulik! Sasangka!"
Bu Sis : "Tobat, tobat, wis gedhe temen, kowe! Ijen ta kowe mau ?"
Pak Sis : "Lha iya ta kuwi. Kendel, Lik, kowe saiki !"
Sasangka : "Inggih, Pak, kula wantun-wantunaken !"
Bu Sis : "Thik dingaren mak jedhul, diutus pa ?"
Sasangka : "Boten, Bulik! Badhe matur Om".
Pak Sis : "O, ngono. Yen ngono lungguha kene, Bulik ben gawe komboran".
Sasangka : "Inggih, Pak!"
Pak Sis : "Piye ta, thik sajak perlu temen ?"
Sasangka : "Wah, Pak! Kawuningana, kula kedhawahan urak kapilih tumut lomba sesorah cara Jawi !
Gemrobyos kula!"
Pak Sis : "Ketanggor saiki! Bola-bali cah Jawa jaman saiki, dikon cara Jawa ora bisa".
Sasangka : "Saestu, upami cara Inggris ngaten kemawon tekad-tekadan!"
Pak Sis : "Mula kuwi, wong Jawa ilang jawane ya nek ngene iki !"
Sasangka : "Nyuwun duka, Pak, pancen kasinggihan makaten!"

Mbs-3-17