Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi
  1. Piye, ngandel ora, saiki rasakna !
  2. Piye, ngandel ora, bola-bali dikandhani kok ora kapok-kapok !
  3. Piye, ngandel ora, senengane kok maido uwong !


II. Maca titi :

A. Wacanen batin !

Sesorah Atur Pambagya ing Pasamuwan Sepekenan Bayi

 Nuwun, para rawuh ingkang kinurmatan !

 Kula sesulihipun adhimas Siswadiharja sakulawarga, keparenga sumela atur, ngambali ngaturaken sugeng menggah rawuh panjenengan sedaya.

 Salajengipun adhimas Siswadiharja ngaturaken gunging panuwun dene panjenengan wonten keparenging panggalih ngrawuhi pondhokipun adhimas Siswadiharja, nyekseni anggenipun tampi nugrahaning Pangeran kaparingan momongan ingkang pambajeng; kathik taksih mawi peparing punapa-punapa. Saking agenging bebudenipun para rawuh, ngantos kecipuhan anggen kula nampeni. Tangeh lamun kula saged atur piwales, kejawi namung nyenyuwun mugi-mugi Ingkang Maha Wikan maringi pepulih ingkang samurwatipun.

 Wondene momongan pambajeng punika, dipun sukani tetenger nama pun Eka Setya Budi. Esthining manah, mengku panyuwun mugi-mugi ponang jabang bayi punika dadosa tiyang ingkang setya ing bebuden sae, labuh labet nusa, bangsa, tuwin negari, ugi boten kesupen anggenipun sumungkem arakan ing Pangeran sarta tiyang sepuh.
Sedaya wau kula suwunaken jumurunging pudyastawanipun para werdha, saha para rawuh sadaya ingkang satuhu luhur ing budi.

 Para rawuh ingkang kinurmatan; boten kesupen adhimas Siswadiharja sakulawarga punapa dene kula piyambak, nyuwun sih pangaksami, mbokbilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kirang ngenggeni subasita.

Mbs-3- 19