Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/27

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 3

I. A. Pacelathon

Tindakna !

Ing Alun-alun Wiratha
Werkudara : "Kresna kakangku ! Padha raharja rawuhmu ing Wiratha iki ?"
Kresna : "Basuki, Dhimas !"
Werkudara : "Selak panas, aku nyuwun pawarta bab rawuhe Jlitheng kakangku ing Astina".
Kresna : "Bener kandhaku, Dhimas, yen Kurawa ki pancen ora kena dijak rembugan".
Werkudara : "Piye kersamu ?"
Kresna : "Bola-bali rak wis daketung, kudu klakon jangkaning Dewa".
Werkudara : "Sida perang labuh negara pa piye?"
Kresna : "Wis kudu ngono, Yayi! Dirundhing ora kena, mangka Pandhawa rak mung njaluk balining separone Aština, ta?"
Werkudara : "Lha iya, ngono bae dikukuhi, apa maneh yen dijaluk kabeh, mendah kaya ngapa ?"
Kresna : "Malah ana kana wingi Pun Kakang wis icip-icip perang kok, Yayi. Ajaa bumi Astina arep dakuntal malang, Setyaki rak durung diculake".
Werkudara : "Setyaki dipotheng-potheng Kurawa pa piye ?"
Kresna : "Ora trima dipotheng-potheng, malah wis diajar dikrubut wong sa Astina. Ora sranta Pun Kakang jumangkah tri wikrama, Dhimas ! Tujokna dipisah para Jawata sing ngestreni". Pun Kakang diarih-arih.
Werkudara : "Wah, anua rak sida lebur tanpa dadi.

Mbs-3- 25