Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi
Kebeneran aku ora rekasa, wis rampung, wis rampung urusane”
Kresna : "Iya ya, Dhi, wong tuwa dienggo tumbal, sing enom enak-enak. Thik apik ya usulmu, heh heh heh!"
Werkudara : "Ora ngono Jlitheng kakangku! Barese, wadya sing ana ngalun-alun iki sewengi padha ora turu, mung ngenteni rawuhe Jlitheng kakangku. Yen entuk gawe, ........ pista bojana andrawina. Yen ora entuk gawe, .................”
Kresna : "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung !
Ngono apa, Dhimas?"
Werkudara : "Dhasar kabeh wis saiyeg saeka kapti, bakal labuh negara mbelani bebener, ditohi pecahing dhadha wutahing ludira".
Kresna : "Bagus, bagus, Dhimas. Yaiku darmaning satriya. Ana unen-unen, sadumuk bathuk sanyari bumi".
Werkudara : "Najan mung sakilan, bumi wutah rah kudu tetep dilabuhi. Saiki piye dhawuhmu, Jlitheng kakangku!"
Kresna : "Bocah Plangkawati, Pringgadani, Paranggarudha lan liya-liyane apa wis padha siyaga, Dhimas ?"
Werkudara : "Kabeh wis kari ngenteni dhawuh. Malah, wong Wiratha barang padha arep mbiyantu".
Kresna : "We, lha, iya iya. Yen ngono aja kesuwen, Dhimas, budhalna saiki !"
Werkudara : "Dakestokke dhawuhmu Jlitheng kakangku!"


B. Wacanen kang patitis, lagokna kang trep manut wayange !

Arjuna : "Kakang Semar !"
Semar : Hai ................... kula Ndara!"
Arjuna : "Apadene kowe, Nala Gareng !"
Gareng : "Wonten dhawuh Ndara !"
Arjuna : "Sarta kowe, Petruk !"
Petruk : "Nun, wonten dhawuh pangandika, Ndara. Wonten


26