Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi
punapa kepareng nimbali keng abdi pun Petruk, kula nun !"
Arjuna : "Lan kowe, Bagong ! Bagong ................”
Bagong : "Dahalem, Oom ! Wontehen gahanjaran menhapa, Oom ?"
Gareng : "O, bocah kurang ajar! Ngaturi bendara kok om !"
Petruk : "Endah-endah anake wong gendheng, Kang Gareng !”
Semar : "Hei, kowe muni piye he, Petruk ! Jajal munia pisan engkas, cah bagus !"
Petruk : "Ora kok, Ma. Bagong kuwi lho, endah-endah bapake cah gendheng".


II. Maca titi

A. Wacanen kang titi, lagune sing trep !


Budhalan Wadyabala Pandhawa

 Kocap kacarita wadyabala Pandhawa wus budhal saking Wiratha, arsa ngrabaseng yuda, minta baline nagari Astina kang sapalih. Wus tetela lamun Kurawa ngukuhi, datan kena ginawe becik, tan arsa den ajak kekadangan.

 Untabing wadya bala anglur selur ndalidir tan ana pedhote, kadya sela blekithi. Sela araning watu, blekithi semut. Pindha semut mbarubul saking eleng sangandhaping watu.

 Bengingehing kuda pangempreting dwipangga miwah karopyaking watang gathik, yayah warsa kinteki. Warsa udan, kinteki alas pejaten, kaya swaraning udan ing alas pejaten.

 Kelap-kelaping bandhera, kekandha, miwah umbul-umbul, katempuh ing sunaring surya sinerang ing maruta manda, pindha werdu hangga sasra. Werdu lintah, hangga banyu, sasra sewu. Kaya lintah sewu kumelap ing banyu.

 Barising wadya bala sajuru-juru datan kena worsuh. Kang busana abang kumpul padha rekta kaya wukir kawelagar. Wukir gunung, kawelagar kobong. Kaya gunung kabesmen. Kang busana ijo ngumpul padha wilis, tinon saking mandrawa

Mbs-3-27