Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/30

Kaca iki wis divalidasi

pidha tanem nedheng gumandhung. Tanem tanduring pari, gumadhung nedheng-nedhenge ijo royo-royo.
Kang busana ireng kumpul padha langking, kalon kadya gagak areraton. Gagak wus ngarani, areraton padha kumpul areroyoman. Kang busana kuning kumpul padha pita, yayah podhang areraton. Kaya podhang kang padha kumpul areroyoman.
Samana lampahe wadya bala wus prapteng tepis wiringing tegal Kuru, gya kendel yasa tendha kinarya makuwon, nulya samya ngleremaken sarira.


B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Pandhawa budhal menyang ngendi ?
  2. Apa perlune Pandhawa ngadani perang ?
  3. Sing dicandra kaya warsa kinteki iku apa ?
  4. Lha sing kaya werdu hangga sasra iku apa ?
  5. Sing menganggo kuning dicandra kaya apa?


III. Kawruh basa

A. Tuladha

  1. Wus tetela manawa Kurawa angukuhi.
  2. tetela = nyata

Tembung sing cap-capane dhoyong terangna tegese kaya tuladha !

  1. Pahdhawa ngrabaseng yuda, minta baline nagari Astina ingkang sapalih.
  2. Untabing wadya bala anglur selur tan ana pedhote.
  3. Bengingehing kuda pangempreting dwipangga miwah karopyaking watang gathik yayah warsa kinteki.
  4. Barising wadya bala sajuru-juru datan kena worsuh.
  5. Kang busana abang ngumpul padha rekta, kaya wana kawelagar.
  6. Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tenem nedheng gumadhung,
  7. Kang busana ireng kumpul padha langking, katon kadya gagak areraton.
  8. Kang busana kuning kumpul padha pita, yayah podhang areraton.


28