Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/33

Kaca iki wis divalidasi


Watak 5 : Angin, gegaman, piranti, srana, tata, marga, dalan, pandhawa, buta, galak, bisikan, turu, alas.
Watak 6 : Rasa, pait, sekeca, manis,
Obah, oyag, retu, susah, cegah.
Uwit, mangsa, wayang, tawon, kombang.
Watak 7 : Pandhita, gunung, ardi, kapal (jaran), tunggang, ageng, swara, tembung, wulang, suka, bungah.
Watak 8 : Gajah, esthi, naga, sawer, baya; slira, cecak, taksaka.
Watak 9 : Bolongan, lawang, gapura, guwa, terus, dewa, sanga, manjing, seneng, nrima, rai, ganda.
Watak 10 utawa 0 : Suwung, kothong, sirna, ilang, pati, rusak, lunga, tanpa, langit, mumbul, muluk, dhuwur, antara, adoh.


Mara aranana, sengkalan-sengkalan iki taun pira !

  1. Naga muluk tinitihan janma.
  2. Gapuraning wruh wadananing Gusti.
  3. Sirna ilang kertaning bumi.
  4. Gana lima slira tunggal.
  5. Wiku misik swara tunggil.

V. Tembangna banjur turunen !

꧋ꦣꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧉

꧋ꦱꦸꦉꦩ꧀ꦱꦸꦉꦩ꧀ꦢꦶꦮꦁꦏꦫꦏꦶꦁꦏꦶꦤ꧀

ꦏꦢꦾꦩꦔꦸꦱ꧀ꦮꦫꦶꦱꦁꦥꦭꦱ꧀ꦠꦿ꧈

ꦢꦺꦤ꧀ꦚꦲꦶꦭꦁꦩꦩꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈

ꦮꦢꦤꦤꦶꦫꦭꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧈

ꦏꦸꦩꦼꦭ꧀ꦏꦸꦕꦼꦩ꧀ꦫꦃꦩꦫꦠꦤ꧀ꦤꦶ꧈

ꦩꦫꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ꧈


Mbs-3- 31