Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi
  1. Apa jenenge pembantu sing golek lan sing ngirimake kabar marang tetuwane juru ngarang iku ?
  2. Aranana jenenge lan tugase para punggawane layang kabar!
  3. Sapa sing ngurusi dhuwit lengganane para lengganan ?
  4. Yen kowe kirim kabar (naskah) koalamatke sapa?
  5. Kajaba dhuwit lengganan, layang kabar bisa oleh dhuwit saka ngendi maneh ?

III. Kawruh basa

A. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes !

    1. kabetahaning umum
    2. among dagang
    3. ebahing jagat
    4. ombyaking jaman

    5. sesepuh
    6. punggawa
    7. lengganan
    8. wawasan

B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !

  1. Ature............,gerahe Sang Putri bisa dhangan, dene saranane sarah kang keli ing Bengawan Nil, kang ngliwati puri kedhatone Sang Prabu Pirngon.
  2. Anggone padha rerembugan lumantar ............ ne dhewe-dhewe.
  3. Yen arep jiarah menyang makam Imagiri, kowe kudu nemoni ............ne.
  4. Bapak lan ibu kuwi pindhane nakodha ian .................... ne kulawarga.
  5. Layang kabar duwe ............., jenenge jurnalis.
  6. Sadurunge diangkat dadi ..........., Nasrun wis magang ana ing Kantor Kecamatan watara rong taunan.
  7. Ki Gedhe Wira winisudha dadi lurahe para juru taman, dene Nyi Gedhe Wira dadi lelurahe .............................
  8. Ora ana ................ kang gelem nyabrangake Kleting Kuning.
  9. a. juru tambang
    b. juru dang
    c. juru tulis
    d. juru ngarang

    e. juru nujum
    f. juru basa
    g. juru kunci
    h. juru mudhi


36