Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi

C. Ceceg-ceceg iki isenana tembung-tembung kang cumawis ing ngisor !

  1. Para among dagang kathah ingkang sami nglebetaken .............................. wonten ing salebetipun serat kabar punapa dene kalawarti.
  2. Wonten ........................, "tulung menthung". Tegesipun, ketingalipun tetulung nanging malah damel rekaosipun ingkang dipun tulungi.
  3. Anggen kula nembung namung sembrana, ............., jebul dipun sukakaken saestu.
  4. Manawi boten kenging kula suwun karana aris, badhe kula rebat kanthi ruda ............., jer tanah wutah rah kedah kula tohi pecahing jaja wutahing ludira.
  5. Lampahing sarasehan rancag nir ing sambekala, ngantos ............
  6. Kula nyuwun sih .............. panjenengan, kersaa ngrigenaken lare kula sagedipun nyambut damel ndherek panjenengan.
  7. Pangestunipun Eyang tansah pundhi dadosa jimat ...............
  8. Yen lagi ora kebeneran, sa .................. ku sarwa salah.
  9. Bibar inggah-inggahan lare-lare sami .............. dhateng Bali.
  1. pariwisata
  2. paripolah
  3. paripih

d. paripeksa
e. paripurna

f. parikena

g. parikena
h. paribasan
i. pariwara


D. Tembung serat kabar kalawarti, lan pariwara iku diarani tembung camboran. Manut tegese tembung camboran kuwi kapilah dadi rong warna, yaiku camboran tunggal lan camboran wudhar.

  1. Camboran tunggal: tegese tembung-tembung sing digandheng manunggal utawa luluh dadi siji. Upamane: naga sari, semar mendem, jaka belek, uler kaget, sangga wedhi, tutup keyong, buntut urang.
  2. Camboran wudhar: juru taman, kalawarti, tukang pijet, buku tulis, susu bubuk, coklat susu, gedhe cilik, wadya bala.

Tembung camboran ing ngisor iki terangna tegese !

  1. Sri, tukua gedhang goreng karo semar mendem kana !
  2. Omahe kinupeng ing pager bata.

Mbs-3- 37