Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi

a. Kagunan basa
Kagunan basa ngrembug bab basa kagunan. Basa kagunan uga diarani basa endah, yaiku dhapukane basa kang mengku rasa endah, kang kanggo ing sajroning buku-buku kasusastran. Basa kagunan uga diarani basa pinathok, amarga winengku ing paugeran.
Sing klebu ewone basa kapunan yaiku :

- tembung saroja
- yogyaswara
- garba utawa sandi
- rura basa
- kerata basa
- tembung entar
- paribasan
- bebasan
- saloka
- sanepa
- cangkriman
- tembang

- guritan
- ukara sesumbar
- isbat
- suluk
- lambang/pralambang
- peprenesan
- pepindhan
- sandi asma
- sengkalan
- wangsalan
- purwanthi
- parikan

b. Kapustakan
Kapustakan asale saka tembung pustaka, tegese buku.
Kawruh kapustakan ngrembug sakabehing buku kasusastran (buku sing basane endah lan isine luhur), diurutake wiwit saka buku-buku kuna nganti. tekan buku-buku weton anyar. Sing dirembug yaiku: jenenge buku, jenenge sing ngarang, kapan anggone ngarang, isine apa, lan sapanunggalane.
Manut enom tuwane, kapustakan Jawa kaperang dadi telu, yaiku kang klebu ewone Kasusastran Jawa Kuna, Kasusastran Jawa Tengahan, lan Kasusastran Jawa Anyar.

  1. Kasusastran Jawa Kuna (.......... — tahun 1400)

    Basane : Jawa Kuna
    Pusere : Tanah Jawa Wetan
    Tembange : Kekawin

    Moncer-moncere : Jaman Kediri


Mbs-3- 39