Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/43

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 5


I. A. Pacelathon

Tindakna !


Alas
Pak Karta : ”Pak Lurah, badhe sowan, Pak !”
Pak Lurah : ”Mangga, Pak ! Pak Karta ta iki ?”
Pak Karta : ”Inggih, Pak ! Nuwun sewu, dalu-dalu sowan mriki !”
Pak Lurah : ”Inggih, thik merlokaken wonten punapa ?”
Pak Karta : ”Anu, Pak, kula punika tiyang boten gadhah, padamelan kula pados kajeng rencek dhateng wana!”
Pak Lurah : ”Sampun matur dhateng sinten ?”
Pak Karta : ”Boten matur sinten-sinten, Pak, tiyang punika wana umum !”
Pak Lurah : ”Lajeng, kersanipun dospundi ?”
Pak Karta : ”Ngaten, Pak. Ngertos-ngertos kula dipun oyak-oyak kaliyan dipun lokaken, ’Maling, maling !’ Lha, punika, Pak, kula boten trimah, awit kula punika sanes pandung. Embah-embah kula inggih tiyang-tiyang sae, boten wonten ingkang nindakaken padamelan punika !”
Pak Lurah : ”Kok lajeng dumugi ngriki punika wau dospundi ?”
Pak Karta : ”Inggih, Pak, punika wau kula mlajeng. Ingkang ngoyak boten namung tiyang satunggal, lan mawi mbekta bedhil punapa !”
Pak Lurah : ”We lha, blai ! Ingkang dereng mudheng punika panjenengan, Pak Karta ! Ha ha ha-ha, ha !”
Pak Karta : ”Boten mudheng dospundi, Pak Lurah ? Kula rak resik-resik wana !”

Mbs-3- 41