Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi


Pak Lurah : ”Tur, negor sing ageng barang, nggih !”
Pak Karta : ”Inggih, kangge balungan”.
Pak Lurah : ”Lha, punika saya klentu ! Punika pelanggaran !”
Pak Karta : ”Rak keleresan ta, Pak Lurah ! Wana peteng, runggut, kula resiki dados padhang”.
Pak Lurah : ”Ha ha hahaha! Ngaten nggih, Pak Karta ! Ning niku kalih diunjuk !”
Pak Karta : ”Inggih, nuwun, Pak Lurah ! Malah kula lajeng nyuwun seserepan ingkang gamblang”.
Pak Lurah : ”Ngaten nggih, Pak ! Wana punika kagunganipun Pamarentah. Dados, boten saben tiyang kenging negori kajengipun”.
Pak Karta : ”O ngaten, Pak! Kok wonten polisinipin punapa?
Pak Lurah : ”Punika polisi kehutanan, ingkang njagi wilujengipun wana”.
Pak Karta : ”Menawi kula, tiyang boten gadhah, negor kajeng lajeng kula pendhet dhangkelipun pisan, punika rak sae lan murugaken pajar ta, Pak Lurah ?”
Pak Lurah : ”Lha punika lepat sanget, Pak Karta. Kejawi bab tanpa idin, punika naminipun ngrisak wana”.
Pak Karta : ”O kedah mawi idin, Pak Lurah ! Nanging, manawi lajeng kula dhangkel pisan rak resik lan sae tabetipun, Pak !”
Pak Lurah : ”Punika damel pituna, Pak. Papan ingkang kathah wananipun, saged nesep toya jawah. Dados, boten gampil wonten bena”.
Pak Karta : ”Manawi bena, siti lajeng gampil longsor lan nggogos inggih, Pak Lurah ?”
Pak Lurah : ”Mila punika. Mangka, bebayanipun siti longsor lan nggogos punika rupi-rupi. Griya saged ambruk, kreteg dhadhal, margi pedhot, siti dados cengkar lan sanes-sanesipun. Rak ngaten ta, Pak Karta ?”
Pak Karta : ”Wah, leres sanget, Pak ! Kula mudheng sapunika. Punapa ingkang dipun wastani orisi, orisi, ngaten punika, Pak Lurah ?”

42