Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi
  1. Sandhangan pating (sempal) kaya ngono kok isih koenggo.
  2. Udane (demok) cung, ora rata.
  3. Yen kira-kira ora bisa nandangi, mbok aja (saguh).
  4. Prabu Puntadewa ratu gung binathara mahambeg (pandhita).
  5. Kandhamu lan kandhane adhimu kuwi kaya dene suruh lumah lan kurebe, (sawang) beda rupane, (gigit) padha rasane.
  6. Watak (sugih) punika cengkah kaliyan cak-cakanipun gesang prasaja.


D. Tuladha:

  1. Wana punika peteng ngajrih-ajrihi.
  2. Wana punika kathah kewanipun galak.
  3. Wana punika peteng ngajrih-ajrihi tur kathah kewanipun galak.

Gawenen kaya tuladha !

  1. a. Mursid pinter.
    b. Mursid sregep sinau.
  2. a. Pak Taru taberi nyambut damel.
    b. Pak Taru gemi.
  3. a. Jawahipun deres sanget
    b. Jawahipun mawi angin.
  4. a. Marginipun rumpil.
    b. Marginipun lunyu.
  5. a. Pelemipun ageng-ageng.
    b. Pelemipun legi-legi.
  6. a. Dalemipun pakdhe sae.
    b.Dalemipun pakdhe ageng.
  7. a. Sekulipun kakasen.
    b. Sekulipun taksih nglethis.
  8. a. Onta punika rosa.
    b. Onta punika kiyat hawa benter.
  9. a. Martinus punika bodho.
    b. Martinus punika kesed.
  10. a. Sumur punika toyanipun ajeg agung.
    b. Sumur punika toyanipun bening.

46