Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi
  1. Padhas gragal ingkang campur wedhi,
    kang katelah winastanan teras,
    nyata sampun ngandhut semen.
    Yiyit pliket satuhu,
    cinampuran semen sakedhik,
    tumunten dipun cithak,
    dipun pres saestu,
    dados bata kados sela,
    atos entheng boten sisah dipun besmi,
    ngungkuli bata limrah.


B. Wangsulana kang patitis !

  1. Sawah tadhahan kuwi apa ?
  2. Wacan ing dhuwur kuwi nyritakake kaanan ngendi?
  3. Kepriye uripe wong-wonge ?
  4. Kok ada-ada wiraswasta apa sababe ?
  5. Critakna bab panggawene bata cara anyar !


III. Kawruh basa

A. Ceceg-ceceg ngisor iki isenana tembung-tembung sing cumawis ing ngisor !

  1. Yen kowe kabeh wis padha sarembug, aku..............
  2. Aku ngrumangsani luput, mula kari...................
  3. Gedhang lirangan............... iki caosna budhemu !
  4. Iki lho Le dakoleh-olehi bakal sasuwek kenaa kanggo
  5. Omah kuwi payone....................................
  6. Bence kuwi bocahe cilik, nanging jebul..............
  7. Rofik kae pagaweane abot, mula ............... akeh.
  8. Senjata nenggala kuwi ampuh banget nganti ora ana titah kang kuwat .......................................
  9. a. tadhah kringet
    b. tadhah udan
    c. tadhah duka
    d. tadhah amin

    e. kenadhahen
    f. tadhah banget
    g. tadhahe
    h. nadhahi

Mbs-3- 53