Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi

B. Gawenen ukara kang luwes !

  1. tulung-tinulung
  2. ajen-ingajenan
  3. dol tinuku
  4. suduk-sinuduk
  5. sinuduk-suduk

6. guyub rukun
7. ngguyubi
8. paguyuban
9. jail
10. drengki

C. Tembung njeron kurung pilihen sing cocog karo ukarane !

  1. Pak Gathot punika tiyang (sregep, ndregil, gemi), gisiking lepen dipun tanemi saged medal telanipun.
  2. Taneman punika (nglayung, nglentrih, alum) jalaran kirang siraman.
  3. Pakdhe mantu, kula kejibah dados among (karsa, tamu, dagang).
  4. Wudunipun dereng mateng sampun dipun plothot, mila malah lajeng kami (sosolen, tenggengen, kakon).
  5. Jarot punika lare (kodo, judhas, trocoh) menawi kecenthok rembag gampil muntab.
  6. Polatanipun (semanak, sumeh, crawak), nanging boten mirah gujengipun.
  7. Ing pareden kathah sesawangan ingkang (asri, peni, sae).
  8. Tiyang seneng tetulung punika pratandha (inggil, luhur, misuwur) budinipun.
  9. Kula (nggega, manut, pitados) bilih Gusti Allah punika Maha Mirah lan Maha Asih.
  10. Kala wingi kula (nyipati, nekseni, ningali) ringgit tiyang, lampahanipun Babat Wanamerta.


D. Ceceg-ceceg iki isenana tembung panggandheng kang cumawis ing ngisor !

  1. Kaluhuran ............... kaluwihan iku gampang sirnane.
  2. Purwana saiki wis sida pindhah menyang Sumatra, .............. barang darbeke wis dilelangake.
  3. Aku wis ngerti surasane layangmu, ............. bab panjalukmu dak rembuge dhisik karo ibumu.
  4. ............. maneh wekasku marang kowe, aja pisan-pisan kowe wani karo wong tuwamu.

54