Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

Puisi anyar (soneta) iki wacanen kang patitis !

Gelenging Tekad

Pedhut nggameng aneng pucuking arga
Nutup soroting surya ing wanci enjinging
Mbudidaya kanthi sakehing tenaga
Sang Baskara ywa nganti aweh pepadhang
nyala teknik

Ning Sang Hyang E weruh ing kuwajiban
Sigra nempuh barising pedhut gunung
Pepalanging laku ginempur lawaran
Matemah ebun kandel tapis tinundhung
Tan prabeda lawan tekading bangsaku
Kang ngugemi marang kamardikan
Tan mreduli cacah pepalanging laku
Kabeh dinuwa kanthi kawicaksanan

Golonging tekad gineleng dadi sawiji
Mbangun nagara kang mandhireng pribadi

(Subagyo IN - Medan Bahasa

Basa Jawi, nomer 5 - 6 taun II)

***

56