Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/59

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 7

I. Pacelathon
 A. Tindakna!

Wangsalan
Nining : ”Mbak Nung, Bapak kae kok sok ngendika, ”Aja ngrokok endhak”, piye ta Mbak kersane ?”
Nunung : ”Kowe rak sok matur sing dudu butuhmu ta ?”
Nining : ”Iya. Bapak ngendika, ”Aja ngrokok cendhak, neges-neges ora apik!”
Nunung : ”O, kuwi ngene. Rokok cendhak ki tegesan. Tembung ’tegesan’ kuwi swarane nyrempet karo tembung ’neges-neges’ kuwi”.
Nining : ”Ngendikan ngono kuwi jenenge ngendikan cara apa ta, Mbak ?”
Nunung : ”Kuwi jenenge wangsalan”.
Nining : ”O, kuwi wangsalan ta, Mbak ! Kok kaya cangkriman ya !”
Nunung : ”Hee, ning ana bedane. Bedane: Wangsalan kuwi cangkriman sing wis ana batangane pisan. Sanajan, batangan kuwi mung nyrempet pakecapane bae”.
Nining : ”Yen ngono wong krungu wangsalan kuwi kudu terus mikir-mikir batangane. Sing dikarepake tenan apa, terus nyrempet tembung apa”.
Nunung : ”Lha ya genah, ngono! Mula wong rembugan nganggo wangsalan kuwi ora bisa ngantuk, wong pikirane urip”.
Nining : ”Coba Mbak, aku dak gawe wangsalan bener apa ora iki”.
Nunung : ”Iya, ning aku ya dak mikir ya !”
Nining : ”Iya. Kembang gedhang Mbak Nung, patut lho kowe nganggo klambi kuwi”.

-3-   57