Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi
Nunung : ”Wah pinter Dhik, kowe ! Kembang gedhang ki rak tuntut ta ! Terus kowe muni: patut !”
Nining : ”Seneng aku. Coba kowe Mbak, gawea genti !”
Nunung : ”Mesin tulis, Dhik, witikna klambiku ya mung iki !”
Nining : ”Sik sik ! Mesin tulis ki rak mesin ’tik’ ya. O,iya, Mbak Nung mau rak terus muni: witikna .... ! Saiki tak gawe wangsalan, ning ora dak teruske. Terusna ya Mbak !”
Nunung : ”Traktir lho, nek bener !”
Nining : ”Gampang ! Nek salah ?”
Nunung : ”Nek salah ya ....... gampang ! Wis, gawea !”
Nining : ”Nempe legi, Mbak, kok .......”
Nunung : ”Kok macem-macem !”
Nining : ”Weh, bener. Tempe legi ki pancen bacem kok !”
Nunung : ”Genti, Dhik ! Wah, jadah pohung ...... !”
Nining : ”Ya, mathuk aku, Mbak ! Jadah pohung ki rak gethuk ta! Mula dak srempet nganggo tembung: mathuk.”
Nunung : ”Aja mutra bebek, Dhik, Bapak lagi sare !”
Nining : ”Wira-wiri, Mbak ! Putra ki rak anak ta, Mbak. Apa benere ora nganak bebek, Mbak. Wong bebek we kok ndadak dikrama inggilke !”
Nunung : ”O iya, bener kowe, Dhik !”

Dhik, tembang ya ana sing wujud wangsalan. Mengko dakcathetke !”

Nining : ”Heeh, Mbak, aku seneng. Mengko tak karo ajar dhewe.”


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep !

  1. O, kuwi gampang, ngono we kok bingung !
  2. O, kuwi gampang, mengko rak beres !
  3. O, kuwi gampang, percayaa ta wis !
  4. O, kuwi gampang, ayo taktuduhi carane !
  5. O, kuwi gampang, menenga we !

58