Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/61

Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi
A. Wacanen batin anjur tembangna !

Wangsalan
(Sinom)
  1. Tawon kang awisma kisma,

    araning kang dhahar warih,
    Punika atur kawula,
    Konjuk mring Raka sarimbit,
    Araning barang sami,
    Basa Jawa kinanipun,
    Kabar kawilujengan,
    Payon kertas barang remit,

    Pinayungan ing Hyang Widhi basukyarja.
  2. Raos manis yen jinarwa,
    Kadang sepuh yen pawestri,
    Mugi-mugi, kagem Kangmas,
    Manggiha rahayu sami,
    Balung janur upami,
    Srikaya tanpa rinipun,
    Widada panjang yuswa,
    Roning sayur pusakastri,
    Ayem tentrem sumanggem amomong warga.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Tawon kang awisma kisma, kang diencokake tembung atur, iku tawon apa?
  2. Araning barang sami, kok nyrempet tembung kabar, iku apa karepe?
  3. Payon kertas iku karepe apa?
  4. Raos manis yen jinarwa iku apa karepe ?
  5. Srikaya tanpa eri iku apa ?
  6. Lha pusakastri iku apa jenenge ?
  7. Tembang rong pada adhapur wangsalan kuwi layang. Layange sapa marang sapa?

Mbs-3- 59