Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/64

Kaca iki wis divalidasi
  1. Buku kula dipun krikiti tikus.
  2. Anakipun ingkang pambajeng sekolah wonten ing Amerika.
  3. Ngajengaken serap surya kula sakanca sampun dumugi ing Plawangan.
  4. Benjing malem Minggu kula badhe ningali ringgit tiyang dhateng Sriwedari.
  5. Dhateng kula kasep amargi tangi kula kerinan.


E. Ukara-ukara iki owahana dadi ngoko alus !

  1. Suyud dereng mudheng, nanging, boten purun matur.
  2. Ngendikanipun Pak Guru, bibar THB sekolahan badhe nampi tamu saking Blitar.
  3. Martini dipun timbali bu guru, dipun dangu punapa sakitipun sampun mantun.
  4. Ibu mundhut setrup badhe dipun caosaken Pak Mantri.
  5. Mursid dipun dukani Pak Guru amargi kesupen boten nggarap PR.
  6. Tamu-tamu sampun sami rawuh, ibu dareng siram.
  7. Kula dipun utus Bu Sam tumbas obat dhateng apotik.
  8. Titihanipun Bapak enggal, malah dereng wonten nomeripun.
  9. Bapak badhe sowan Embah, kula dipun dhawuhi ndherek.
  10. Ngendikanipun Bapak, wulan ngajeng mangke Embah badhe tindak mriki.


IV. Kasusastran

Manut isine, buku-buku kasusastran iku bisa kaperang dadi limang werna. Yaiku: dongeng, babad, crita (roman), jangka, rumpakan.

  1. Dongeng: a. Paragane kéwan (fabel).
        b. Bab dumadine papan (legende).
        c. Gegayutan karo kapercayan (mythe).
        d. Kepahlawanan (sage).
  2. Babad: Crita kang adhedhasar lelakon sejarah. Upamane:
    Babad Demak, Babad Prayud, Babad Pakepung, Babad Giyanti.


62