Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi
5. siti + inggil  : sitinggil
6. maha + ambek  : mahambek
7. sarwi + anjoged  : sarwyanjoged
8. ratu + ambek  : ratwambek
9. maha + raja  : mahraja


4. Rura basa

Tembung salah kaprah.

Tuladha:

1. nguleg sambel 5. mbunteli tempe
2. mbathik sarung 6. netel jadah
3. adang sega 7. menek krambil
4. ndondomi clana 8. mikul dhawet


5. Kerata basa (Jarwa dhosok)

Negesi tembung manut wanda-wandane utawa manut pakecapane.

Tuladha:

1. kupluk = kaku tur nyempluk
2. kuping = kaku tur njepiping
3. gethuk = digeget karo manthuk-manthuk
4. gedhang = digeget sabubare madhang
5. kodhok = teka-teka ndhodhok
6. tandur = nata karo mundur
7. garwa = sigarane nyawa
8. krikil = keri neng sikil
9. wanita = wani mranata
10. siti = isi bulu bekti


6. Tembung entar

Tembung sing tegese dudu teges salugune.

Tuladha:

1. lobok atine = sabar
2. jembar segarane = sugih pangapura
3. dawa tangane = clemer

68