Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi
  1. gedhe endhase = sumangkeyan
  2. entheng tangane = cengkiling
  3. ngabangake kuping = agawe nesu
  4. lunyu ilate = mencla-mencle
  5. tipis lambene = seneng nyatur
  6. ngatonake siyunge = nuduhake panguwasane
  7. nggedhekake puluk = nengenake marang pangan


7. Paribasan

Unen-unen kang ajeg panganggone, ateges wantah ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha:

  1. Undhaking pawarta sudaning kiriman = Pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane.
  2. Adigang, adigung, adiguna = Ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
  3. Nyolong pethek = Ora memper karo petheke.
  4. Kepara kepere = Ora padha pangedume.
  5. Ciri wanci lelai ginawa mati = Cacad utawa pakulinan ala ora bisa ilang nganti sing duwe pakulinan kuwi mati.
  6. Criwis cawis = Kakehan rembug nanging bisa mrantasi gawe.
  7. Jalukan ora wewehan = Gelem njaluk ora tau gelem weweh.
  8. Keplok ora tombok = Melu seneng-seneng ora melu cucur ragad.
  9. Yitna yuwana lena kena = Sing ngati-ati slamet, sing pepeka adhakane nemu cilaka.
  10. Busuk ketekuk pinter keblinger = Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.


9. Bebasan

Unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kaanane uwong utawa tindak-tanduke.

Tuladha:

  1. Nabok nyilih tangan = Namakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya.

Mbs-3-69