Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
2. Suduk gunting tatu loro.


=


Nindakake sawijining bab, wu
sanane nandhang kapitunan lu
wih saka sawerna
3. Ora ganja ora unus.

=

Wong kang rupane kuciwa, atine
uga ala.
4. Nututi layangan pedhot.


=


Ngupaya ilange barang remeh,
upama ketemu ora sumbut karo
rekasane.
5. Idu didilat maneh. = Nyeled kasaguhane dhewe.
6. Madu balung tanpa isi. = Regejegan prakara sepele.
7. Ngubak-ubak banyu bening

=

Gawe rusuh ing papan kang tata
tentrem.
8. Emban cindhe emban siladan.

=

Pangrengkuhe marang siji lan
sijine ora padha.
9. Dudu berase ditempurake.

=

Urun rembug, ora gathuk karo
bab sing lagi dirembug.
10. Adol lenga kari busik.

=

Dundum, awake dhewe ora ka
panduman.

10. Saloka

Unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake uwong lan tindak-tanduke utawa kaanane.

Tuladha:

1. Gajah ngidak rapah. = Wong kang nerak wewalere dhewe.
2. Kebo nusu gudel. = Wong tuwa njaluk wuruk wong enom.
3. Kemladheyan ngajak sempal. = Mitra kang ngajak marang karusakan.
4. Tekek mati ulone. = Wong nemu cilaka marga saka guneme dhewe.
5. Bathok bolu isi madu. = Wong asor nanging sugih kaluwihan.
6. Kethek saranggon. = Wong sasanak sadulur padha dadi wong ala.
7. Pecruk tunggu bara. = Wong ala pinracaya nunggu barang kang dadi pakaremane.

70