Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/74

Kaca iki wis divalidasi

b. Kang awujud irib-iribing barang:

  1. Sega sakepel dirubung tinggi. = salak
  2. Pitik walik saba kebon. = nanas
  3. Emboke wuda, anake tapihan. = pring karo ebung
  4. Emboke dielus-elus, anake diidak-idak = andha
  5. Dicakot pucuke sing kalong bongkote. = rokok

c. Kang ngemu surasa sembranan

  1. Wong wudunen kuwi sugih pari. (paringisan)
  2. Wong adol tempe dibunteli. (sing dibunteli tempene)
  3. Wong adol krambil dikepruki. (sing dikepruki krambile)
  4. Disuguh anggur cap timba. (banyu sumur)
  5. Kepethuk sedulur banjur ngguyu tuwa. (nangis)


13. Wangsalan

Unen-unen kaya cangkriman, nanging lumrahe dikantheni batangane sisan. Sanajan anggone nyebutake batangan kuwi mung kanthi sinandi, ora melok.

Tuladha:

a. Kang tinemu ana ing ukara pacelathon lumrah:

  1. Nyaron bumbung, ngantos cengklungen anggen kula ngantu-antu rawuh panjenengan.
  2. Balung jagung, manawi badhe paring pitulungan sampun ketanggelan.
  3. Sakesuk kok mentil kacang, mbesengut bae ki, geneya ?
  4. Sarung jagung, bobot timbang ana sliramu sing arep nglakoni.
  5. Balung geni, mbokmanawa liya dina aku mrene maneh.

b. Wangsalan edi peni:

  1. Kapi jarwa, dakpethek mangsa wurunga.
  2. Kukus gantung, daksawang sajake bingung.
  3. Reca kayu, goleka sabda rahayu.
  4. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung.
  5. Roning mlinjo, sampun kesel nyuwun ngaso.


72