Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi
  1. Kolik priya, priyagung Ajian putra.
    Tuhu eman, wong anom wegah kangelan.
  2. Ngreka puspa, puspa kang nedheng weh ganda.
    Nggubah basa, mrih mekar landheping rasa.
  3. Yaksa dewa, dewa dewi lir danawa.
    Kala mudha, bangkit ambengkas durgama.
  4. Ancur kaca, kaca. kocak munggwing netra.
    Wong wruh rasa, tan mamak ing tata krama.

c. Kang tinemu ing sajroning tembang:

Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg trang ing cipta,
sendhang niring ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya-menyan pita munggwing ardi,
yen apes kawirangan.


14. Dasanama
Tembung sawatara kang padha tegese, dadi araning barang utawa kaanan.
Tuladha:

1. suta, sunu, siwi, atmaja, tanaya, weka = anak
2. yayah, sudarma, rama = rama
3. rena, umi, wibi = biyung
4. agni, brama, dahana, pawaka = geni
5. kapi, wanara, wre, palwaga, rewanda = kethek
6. lalis, layon, antaka, palastra, pralaya = mati
7. nata, narendra, nareswara, katong, pamase = ratu
8. jaladri, jalanidhi, udaya, tasik, samodra

= segara

9. samirana, pawana, maruta, bayu, bajra = angin
10. lir, pendah, kadi, kadya, yayah, pindha = kaya

Mbs-3-73