Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi

15. Purwakanthi

Runtuting swara utawa sastra ing sajroning tembung loro utawa luwih. Yen sing runtut swarane jenenge purwakanthi guru swara, yen sing runtut sastrane jenenge purwakanthi guru sastra.

Tuladha:

a. Purwakanthi kang tinemu ana ing ukara pacelathon:

  1. Aja dupeh menang banjur sawenang-wenang.
  2. Jare kepengin maju, lha kok wegah sinau.
  3. Kekarepane wis kenceng, ora bisa mendha saka pangrerepa, ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh.
  4. Tembungmu sing sareh, kareben pakoleh.
  5. Yen wis makmur aja pisan-pisan lali karo sedulur.

b. Purwakanthi kang tinemu ana ing paribasan, bebasan, utawa saloka:

  1. Criwis cawis.
  2. Kebat kliwat, gancang pincang.
  3. Emban cindhe emban siladan.
  4. Kebo ilang tombok kandhang.
  5. Gajah ngidak rapah.
  6. Bathok bolu isi madu.
  7. Tulung menthung.
  8. Opor bebek mentas awake dhewek.

c. Purwakanthi kang tinemu ana ing sajroning lelagon dolanan lan tembang macapat.

  1. Srengenge nyunar kanthi mulya
    angine midid klawan rena
    manuke ngoceh ana ing wit-witan
    kewane nyenggut ana ing pasuketan
    kabeh pada muji Allah Kang Mulya
    kabeh pada muji Allah Kang Mulya.

  2. Endhonge sinandhang sampun,
    aneng nggendhongan mathinthing,
    gandhewa neng asta kiwa,

74