Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 3.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

pantes pacaking prajurit,
raja putri ing Cempala,
acancut nyamping tarincing.

(Purwakanthi sastra dh lan sastra e).


16. Parikan

Unen-unen rong ukara mawa purwakanthi. Ukara kapisan minangka bebuka, dene ukara kapindho isining unen-unen.

Tuladha:

a. Kang mawa etungan: (4 wanda + 4 wanda) × 2

  1. Wajik klethik, gula Jawa
    Luwih becik, wong prasaja.
  2. Tawon madu, ngisep sekar
    Dadi guru, kudu sabar.
  3. Ngasah arit, nganti landhep
    Dadi murid, kudu sregep.

b. Kang mawa etungan: (4 wanda + 8 wanda) × 2

  1. Kembang mlathi, ganda arum warna peni
    Watak putri, kudu gemi lan nastiti.
  2. Kembang mawar, ganda arum ngambar-ambar
    Ati bingar, aja mung yen nampa bayar.
  3. Tawon madu ngisep sari kembang jambu
    Aja nesu, lamun tinuding luputmu.

c. Kang mawa etungan: (8 wanda + 8 wanda) × 2

  1. Biyang Surip tuku klobot,
    pethuk encik tawa roti.
    Uwong urip pancen abot,
    mula kudu ngati-ati.
  2. Yen kembang kembang cepaka,
    dudu kembang arum dalu.
    Mumpung sira isih mudha,
    den asregep ngudi ngelmu.

Mbs-3- 75